jump to navigation

(Cerkak) Trubus lan Punthesing Katresnan April 11, 2010

Posted by tintabiru in Kayungyun.
trackback

 (Tulisan Is Sarjoko aka Nini Klenyem)

Amplop jambon gambar kembang mlathi kuwi suwe ndak jingglengi. Bola-bali ndak waca jeneng si pengirim ing amplop kuwi, tetep lan cetha yen kanggo aku.

Lan jenengku bocah tinulis tanpa diembel-embeli jenenge bojoku, apa maneh tembung nyonya utawa ibu, sing karo tengah tahun iki wis tak sandhang minangka nyonya Himawan.

Uga tinulis cetha jenenge si pengirim, Suhardiman. Njur sapa ya kuwi, aku nyoba ngeling-eling. Apa kancaku S.M.A. ?, apa kancaku les basa Inggris ? Ah … aku lali. Genea alamate ora lengkap ? Mung jeneng thok. Ah embuh, rehne cetha layang kuwi kanggo aku, mula wis ora mikir lan ora perduli, layang kuwi gage tak bukak senajan ing atiku ana rasa kumesar. Apa maneh bareng maca ukara-ukara sing tharik-tharik tinulis ing kertas jambon iku, sing unine mung cekak ngene :

Kanggo Jeng Kiki sing manis

Nyuwun pangapunten Jeng, yen layang iki gawe kaget. Nanging muga-muga wae ora jeneng lancang yen aku kepingin tetepungan karo jeng Kiki, sing sasuwene iki ndak angen-angen terus. Aku weruh gambar penjenengan ing majalah, lembar profil lan uga ngerti, yen panjenengan sosok pengarang sing hebat. Piye, Jeng, ditampa ora pitepunganku iki ?

Saka mitra anyar

Suhardiman.

Edan, sapa Suhardiman ? Tak bolan-baleni pamacaku, lan uga nganti mumet nggonku mikir. Mesthine wong iki durung ngerti, yen aku iki wis dadi nyonya lan malah wis anak-anak umur telung sasi, sing isih bayi abang.

Keneng apa sawise maca layang kuwi, atiku dadi ana rasa geter pater, sing sasuwene iki durung tau ndak rasakake.

Tembung jeng Kiki sing manis, ah ukara kuwi hlo sing marahi krasa isin ning bungah, kaya-kaya ana kembang-kembang endah ing atiku.

Ukara kepingin tetepungan, ya gene tekamu kok lagi saiki ? Sithik ana rasa dosa ing jroning atiku, merga aku saiki rak wis dadi nyonya Himawan lan wis thukul wohing katresnan rupa anak. Ning geneya rasa kuwi sasuwene durung tau ndak rasakake.

Aku pancen wanita manutan, tansah nyendikani dhawuhe wong tuwa, mula ya ora mokal yen tekan dewasane aku dadi wong sing kuper alias kurang pergaulan. Uripku sing mung mblujur, ora melu ombyake cah-cah enom saiki.

Kabeh sing bisa ndak lakoni bareng-bareng kanca, mung nggon kegiatan sekolah, kursus, liyane jare ibuku ora perlu. Srawungku merga aku seneng nulis, ya priyayi sing dha seneng maos tulisanku kuwi sing dha rawuh ing omahku.

Kuwi wae malah suwe dijak pangandikan bapakku tinimbang karo aku. Lulus S.M.A, wong tuwaku wis nyiapke calon kanggo aku.

Calon mantu sing di wawas wong tuwaku bisa mulyakake uripku ing tembe mburi. Aku sing rumangsa wineleg ing kasih sayang saka wong tuwaku sa kloron sing sugih, dadi bisaku mung ndherek kersa lan iguhe wong tuwa, embuh mengkone, bisaku mung pasrah nindakake apa dhawuhe.

Aku lan mas Himawan kawin mung padha dene nuhoni dhawuhe wong tuwa, dhasare sak durunge aku ya durung tepung karo mas Himawan.

Senajan ngonoa, aku ya gumun dene mas Himawan kok bisa nresnani aku. Katandha apa wae pepinginanku mesthi dipundhutke. Apa iki tandha tresna, apa ya merga aku wis dadi sisihane, lan kuwi kabeh mujudake kuwajiban aweh kaya marang bojo, aku ya ora ngerti.

Awit sak durunge dadi nyonya Himawan, kabeh kekarepan lan pepinginanku ya ora tau kagol. Tur aku dhewe ya diajari gemi dening ibuku. Dadi samubarang sing tak tuku kuwi mesthi barang sing migunani, ora mung nuruti ati lan ngetutke modhel.

Sisihanku, ya mas Himawan saiki lagi ngayah-ayahi tugas kantor ana Jakarta. Jare ana kana paling ora ya rong minggunan.

Ndadak iki ana layang saka wong sing ngajak kenalan. Ngapa kok ora nalika bojoku ana ngomah ? Gek, Suhardiman kuwi bocah ngendi ?, apa ya wis akeh maca tulisanku dene kok wis ngalem ?

Sebubare maca wingi, layang ndak lempit maneh njur tak tlesepke neng ngisor bantal, pikiranku bali tumlawung adoh mbayangke wong sing durung nate tak weruhi kuwi.

Ning ya gene ing atiku ana sapletik rasa seneng ? Aku lumah-lumah ing dipan, layang mawa amplop werna jambon sing ana kembange mlati bali tak gagapi. Tak lolos saka ngisor bantal banjur tak tempelake dhadha, pancen dhadhaku dhetake krasa banter, ning seneng.

Ana rasa aneh sing sasuwene iki durung tau tak rasakake. Apa ya iki sing jeneng jatuh cinta : Pancen ya tak akoni, bebrayanku karo mas Himawan mung kaya dene wong baris, sing mung tansah ngrungokake aba-aba lan manut.

Ning nyatane ya penak, wong apa karepku sisihanku manut. Pinter momong, ngalahan, tur ora tau gawe ora senengku.

Ning wiwit manten anyar biyen, aku ora nate ngrasakake geter-geter, sing rumambat ing sanubariku yen aku ngadhepi mas Himawan sisihanku.

Kabeh mlaku ngono wae, kaya dene wis naluri lan mujudake kuwajiban sing kudu ndak tindakake.

Nanging bareng aku nampa layang jambon kuwi, atiku kok krasa aneh sing ora ndak duweni kanggo mas Himawan.

Ukara sing tahrik-tharik kepingin kenalan kuwi kok gawe kumesar, lan atiku kepingin bali enom kaya nalikane aku sekolah.

Mangka nyatane aku saiki wis duwe anak, apa atiku sing kaya ngene iki wis mujudake tindak slingkuh ?. Oh … ora. Ning ya genea layang jambon lan jeneng Suhardiman kuwi tansah cumithak ing pengangen angenku, lan ndayani perbawa gedhe ing pribadhiku ?.

Apa ya iki ta ya sing jeneng tuwuhing tresna ?, sing nalika enom durung tau namani atiku ? Oh embuh … aku bingung.

Let telung ndina layang sing kaping pindho teka, saiki identitase luwih lengkap.

Dheweke, ya Suhardiman mau ngaku yen sawijining guru S.M.A. Negri ing kuthaku iki. Dheweke asli saka Surabaya, lagi telung tahun dadi guru kanthi wis nganthongi N.I.P.

Layang mau kejaba neruske olehe kepingin kenal karo aku, uga ngandhakke yen mbesuk Minggu dheweke bakal dolan teka ing omahku.

Adhuh … aku kudu wangsulan piye ? Aku pancen kepingin banget weruh sing jeneng Suhardiman kuwi, nanging kepiye anggonku bakal ngadhepi ?

Apa gawe patemon ing liyan papan ?

Oh edan … ya gene nganti tekan kono pikiranku ? Aku dhewe jan gumun pungun-pungun … denea bojoku sing lunga tugas ora kepikiran, ning si pengirim layang jambon kuwi marahi yen bengi aku angel turu.

Malah batinku memuji, muga-muga mas Himawan ora kesusu bali anggone tugas. Kosok baline ngenteni tekane dina Minggu sing mung rong ndina maneh, rasane kaya suwe banget. Dhasar aku rewang bayi, senajan kabeh mau wis diurusi baby sitter sing di kontrak wong tuwaku. Saiki bubar adus esuk, aku mesthi terus ngresiki rai lan dandan, kaya nalika aku lagi seneng macak biyen.

Pranyata bareng aku ngilo, aku mesem mongkok, jebul awakku isih seksi, malahan dhadhaku saiki montok kebak, merga aku lagi nusoni.

Nalika aku bubar dandan arep sarapan, neng kamar makan ibuku ngendika :

“Kiki !, kowe saiki ndak sawang luwih ayu hlo timbang dhek prawan, biyen awakmu garing, dhadhamu trepes. Hara sesuk nek masmu Himawan kondur rak pangling …, nek ora ya malah gregeten”, ngendikane karo gumujeng terus neng pawon. Aku mung ngguyu.

Dina Minggu dina sing ndak anti-anti sidane tekan mangsane. Atiku mantep, yen ibu utawa bapak mengko mundhut pirsa, bakal tak wangsuli yen tilas kanca S.M.A utawa pandhemen tulisanku sing takon naskah anyar … beres,.

Bayiku ndak wenehi asi luwih mruput tinimbang jam sing wis tak jadwal, lan aku akon baby sitterku, tak kon njaga aja nganti anakku nangis.

Bubar iku aku banjur bali mlebu kamar mbenakke dandananku, olehku ngaca mubeng minger kaya kenya sing arep diapeli pacare.

Dumadakan aku krungu bel dipencet, pratandha ana tamu. Aku gage metu saka kamar bebarengan ibuku sing metu saka pawon. Ibu ngendika :

“Wis kana, Ki, kowe wae sing nemoni, nek tamune ibu mengko aku kandhanana!”

“Inggih, Bu”, aku gage tumuju ruwang tamu. Lawang ndak bukak, nyata ana tamu kakung gagah, sebarakan yen karo bojoku.

Aku manthuk manggakake, tamu mau banjur ngathungake tangan ngajak salaman. Dhewekke nyebutake jenenge lengkap :

“Suhardiman Sundoro”. Aku mangsuli, jenengku ya ndak sebutake wutuh :

“Kiki Listiyorini.” Bubar iku tamu mau banjur tak aturi mlebu njur lenggah.

Sakawit rasaku rada kaku ngadhepi tamuku mau rasane rada-rada isin piye ngono. Ning jebulane tamuku mau ramah lan pinter gawe swasana seger. Dheweke ndhisiki takon :

“Jeng, serat kula ingkang kantun rak sampun dumugi ta ?” Gage aku mangsuli:

“Sampun mas, mila rawuh panjenengan kula tengga.”

“Ning sowan kula rak mboten ngganggu kesibukan penjenengan ta, Jeng?”, pitakone maneh.

“Mboten, mas, biasanipun inggih kerep kok kanca-kanca sami dhateng:, wangulanku ngenaki atine.

“O syukur Jeng, yen sowan kula mboten ngganggu, dumugi sak punika rak taksih nyerat ta ?, kula remen maos-maos seratanipun Jeng Kiki.” Kandhane gawe senengku.

“Wah namung sa saget-saget kok, mas, inggih namung kanggo remen-remen kemawon.” Wangsulanku kanthi swara mudhun.

Ing kenap sisihku lungguh ana koran anyar, tak jupuk terus tak seleh ing ngarepe. Dheweke tanggap banjur diwaca. Sauntara dheweke maca, aku gage nemburi ngracik unjukan kanggo tamuku. Pirsa iku, ibu ndangu :

“Kancamu pa Ki?”. Wangsulanku cekak :

“Pandhemen seratan kula, bu, nakekaken seratan kula ingkang enggal.”

“O ngono ta ? kuwi lo, lemari makan rak ana cemilan, enting-enting gepuk karo mete.”

“Inggih, bu, kenging kangge nyegah tamunipun”, wangsulanku. Barang wis rampung tak racik, aku metu ndak suguhke tamuku, wedang woklat susu karo enting-enting gepuk lan mete.

”Mangga, mas, dipun unjuk kagem jampi salit”, aku tawa. Tamuku uga nglegani, bajur diunjuk lan nggegem mete disambi maca koran. Nalika dheweke maca kuwi, aku bisa ngematake tamuku mau kanthi tanek.

Batinku, Suhardiman pancen ngganteng, kejaba gagah uga kulite resik putih. Yen wong ngarani dhegus ngono kae, gedhe tur bagus.

Nganti suwe olehe ngolak-alik koran, rumangsaku dheweke krasan dolan neng nggonku, wong nyatane wis sajam kliwat isih anteng.

Anggone ngrahapi suguhanku uga ndemenakake, ndadekake bungahing atiku. Bareng sing diwaca wis ora ana sing narik, koran diselehake banjur takon karo aku :

“Jeng, menawi kula mbenjing sering sowan mriki rak pareng ta ?”, pitakone karo nyawang aku tajem.

“Mangga, mas, kula remen”, wangsulanku karo nginggati panyawange sing ora nguwati kuwi. Sabanjure kandha :

“Lajeng mangke gentosan, Jeng Kiki kula papak tindak dhateng panggenan kula … Surabaya. Wonten mrika kula dherekaken mirsani papan-papan ingkang Jeng Kiki dereng pirsa.” Kandhane mantep isih karo nyawang aku karo ngguyu.

Untune sing putih rapi nambahi saya manise yen gumuyu, marahi atiku poyang-panyingan.

Karo crita ngalor-ngidul lan ngemil suguhan, panyawange tamuku langsir nyawang gambar-gambar sing cumanthel ing tembok.

Barang weruh foto sing ana sakdhuwurku lungguh, pas diarepke dheweke, tamuku mau namatake lan banjur kandha :

“Jeng, punika fotonipun sinten ?” isih karo namatke.

Dheg … sanalika atiku geter, ngapa aku kelalen mau ora ndak singkirake ? gelem ora gelem aku kudu blaka apa anane.

“O punika foto kula mas, nalika upacara panggih kaliyan semah kula, “ Kandhaku semu kedher. Tamuku ketoke wong wicaksana, tandhane ketrucut tembunge :

“Wah sae hlo Jeng fotonipun, dhasar mantenipun putrid sulistya, sajakipun tukang paesipun ugi mumpuni, mangka kameramenipun inggih wegig, ketingal gesang sanget ngaten kok”, pangalembanane.

“Punika sampun pinten tahun kepengker, Jeng ?”, pitakone.

“Nembe setunggal setengah tahun kok, mas.” Wangsulanku jujur. Hardiman mesem karo manthuk-manthuk njur takon :

“Hla keng raka sapunika tindak pundi ?

“Anu, mas, nembe dhateng Jakarta, wonten tugas saking kantor”, kandhaku blaka.

“Syukur, Jeng, ateges keng raka sampun pinitados makili satunggaling instansi, temtu kemawon sampun sanes tiyang andhahan malih.” Kandhane cetha. Bisaku mung inggah-inggih ngedhongi kandane. Bubar iku tamuku ngiling-ngilingi jam ing tangane, wusana banjur kandha :

“Jeng, kula matur nuwun sanget saget pinangggih lan tetepangan kaliyan penjenengan, dene panjenengan ugi sampun nampi pisowan kula kanthi ngremenaken sanget, kula namung saget ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa upami. Rehning sampun sawetawis keparenga kula nyuwun pamit, mboten kesupen salam katur keng raka.” Aku mung bisa mangsuli inggih, karo nguntapke tekan lawang. Nalika salaman, dheweke isih karo ninggali esem sing manis banget, sing ora bisa tak lalekke salawase.

Barang karo nggeblase motore tamuku metu saka pekarangan, keprungu tangise anakku sing banter merga ngompol disalini pamonge. Let telung ndina sawise mertamu ing omahku, Hardiman isih kirim layang maneh. Ajeg amplop lan kertas jambon sing ana gambare kembang mlathi. Atiku bali goreh lan ora karu-karuwan kelingan eseme sing nembus jejantung. Kanthi tangan kedher layang ndak bukak, dene unine mengkene :

Jeng Kiki sing banget ndak urmati.

Matur nuwun aku wis mbok tampa sowan ing dalemmu. Nanging aku nyuwun pangapunten wis lancang, meneng-meneng nresnani Jeng Kiki, sing pranyata jebul wis dadi nyonya Himawan. Jeng, aku nemu alamat lan fotomu ing majalahe duweke kanca sing banjur tak tembung tak pek. Nalika aku bali saka dolan mrene kae, tak delok jebul majalah weton patang tahun kepungkur. Wusana tak pupus pangangenku, aku nyuwun pangapura, aku ora kepingin babar pisan ngrusak kabagyaning liyan.

Ora ndak terusake ukara-ukara endah sing dawa, kaselak mripatku krasa panas lan teles. Layang sing durung rampung pamacaku mau, ndak remet ndak tempelake ing dhadha.

Pangrasaku aku sing lagi nglayang ing sandhuwuring mega mau, disawatake tiba kantep ing padhas curi.

Atiku krasa lara … lara banget sing tanpa pepindhan. Tangisku ora bisa tak ampah, ketang wedi yen konangan ibu, aku mlebu kamar, nda enggo ungkep-ungkep nuntaske tangisku.

Oh jebul kaya ngene rasane wong kapedhotan tresna sing lagi wae trubus (tuwuh). Sing kabeh mau kudu ndak punthes sadurunge ngrembaka.

Aku pancen tiba kantep.

Lagi wae luhku asat, ndadak tilpun muni. Bareng tak angkat, saka mas Himawan bojoku ngabari, yen sesuk esuk bali pesawat sing paling esuk.

Oh embuh … atiku isih njarem. Mung aku mbudidaya ngilangake tekane layang jambon sing nggawa kenang-kenangan jero ing uripku.

Tak anggep yen kabeh mau mung mujudake impen sing endah banget. Sidane sing mapak mas Himawan neng bandhara mung bapak nyewa taksi.

Aku turon neng kamar, merga awakku lemes lan sirahku krasa mumet, tanpa methukke bojoku mulih.

Mesthine tekan ngomah nggoleki aku ora ana, bojoku njur mlebu kamar. Weruh aku turon, gage aku dirangkul ditangekke karo diarasi. Bisaku mung pasrah.

Nalikane aku dikekep ing dhadhane pancen marem, ning ing mripatku malah gawang-gawang citrane Suhardiman sing lagi mesem.

Bareng aku melek, rasa welasku thukul marang bojoku, genti ndak rangkul kenceng, batinku kandha : Mas Himawan, percoyoa, aku ora bakal tegel slingkuh, aku bakal setya ing penjenengan salawase.

“TAMAT”

                                                                   .

Comments»

No comments yet — be the first.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: